Saben nyawang poto wisuda, saya njur kelingan suwargi Kakung. Nalika aku wisuda, pengen rasane ati, dikancani, poto bareng. Nanging kui mau ya winates jroning angenku.

Apa ta jane Berbudi bawa laksana kuwi? Kuwi piwulang luhur, nek basa agamane Qoulan sadida. Yen Basa Indonesia kurang luwih, satunya kata dan perbuatan. Yen guneman ya ora mencla-mencle, sing dikandhakke ya sing ditindakke.
Trus apa hubungane wisuda karo berbudi bawa laksana? Nalika saya wisuda sarjana, Kakungku ora pirsa tanggal pase. Apa pancen luput saka panjangkane. Nalika iku, Kakung kadhapuk pinangka paraga gebyar seni kelurahan. Jawilan saka pangarsa desa babagan kuwi bacut disaguhi.
Kasunyatane prosesi pindhahan kucir wisudaku bebarengan acara gebyar seni kuwi. Gela, kuciwa pancen ra kinira. Nanging pancen Nuladhakne Berbudi bawa laksana kuwi ora mung cukup wedharing kandha. Kudu nganggo tuladha sing aktual.
Aku ora papa,
Mung sing dak suwun ratri tekaning rina, mugi Gusti paring pangapura dosa lupute Kakung nalika ana jagad rina.
Aku ora papa, nadyan poto wisuda sarjana ora ana potoku karo Kakung.
Aku ora papa nadyan poto wisuda Diploma ku ya mung kabur kanginan kegawa maruta.
Amung dadi crita nalika sinau tekan Sala.
Kartasura, 26 September 2019
Sumber https://www.aansupriyanto.com/
EmoticonEmoticon